Mencret! Nek mikir negoro!

Posted by Anak Malang on Monday, April 27, 2009

Dadi rakyat ki mung sadermo nglakoni. Nglakoni sing becik yo durung mesti slamet, lah sing nglakoni culiko utowo bejat morale, senadyan kui pandeganing projo we podo disubyo-subyo!
Kahanan perdikane awake dewe iki wis diobrak-abrik wong kang ora due ati! Wong kang murko! Culiko! Wengis! Dadi, awake dewe iki yo kahanane yo mung tansah urip ing pangati-ati... lan memelas!
Kapan biso..... negoro iki bakal nemu ing pepadang!? Yen poro penjahat bertopeng podo nduweni panguasa ing tatanan pamerintahan?
Eh, mugo-mugo wae... wolak-waliking jaman iki enggal kelakona! Kabeh wae wong kang ora due kejujuran lan tanggungjawab ugo ketulusan ing Gusti podo ambyaro dadi rabuking bumi. Do podo dijogo awakmu! Kabeh wae podo ndak siap-siapo! Yen wayahe wuh cerak lan bakal kelakon!

0 comments:

Subscribe to: Post Comments (Atom)